Senin, 02 Maret 2020

Membuat Bakso Malang

BAHAN2 UNTUK 8 PORSI
1.
Daging sapi tanpa lemak - 750 gram
2.
Es batu - 200 gram
3.
Sagu tani / tepung tapioka - 150 gram
4.
Bawang putih, iris tipis, goreng, haluskan - 3 siung
5.
Bawang putih, haluskan - 5 siung
6.
Putih telur - 50 ml
7.
Baking powder - 1/2 sdt
8.
Baking soda - 1/2 sdt
9.
Garam - 2,5 sdt
10.
Gula - 1 sdt
11.
Air es - secukupnya
12.
Air, untuk merebus - secukupnya

LAINNYA:
1.
Daging ayam giling - 100 gram
2.
Tahu kulit - 6 buah
3.
Kulit pangsit - 12 lembar
4.
Garam - 1/2 sdt
5.
Minyak, untuk menggoreng - secukupnya
6.
Air, untuk merebus - secukupnya

KUAH:
1.
Tulang kaki sapi - 250 gram
2.
Bawang bombai, belah 4 - 1 buah
3.
Bawang putih, haluskan - 3 siung
4.
Pala - 1 cm
5.
Garam - 2 sdm
6.
Gula pasir - 1 sdm
7.
Lada halus - 1 sdt
8.
Air - 2 liter


PELENGKAP:
1.
Mie basah atau mie telur rebus - 1 bungkus
2.
Daun caisim, potong-potong lalu rebus - 200 gram
3.
Daun bawang, iris - 2 batang
4.
Seledri, iris halus - 1 ikat
5.
Bawang goreng - secukupnya

Daftar Harga BBM


1.  Bakso Urat  : 3.000
2.  Bakso Halus : 1.500
3.  Bakso Goreng  : 1.500
4.  Pangsit Goreng :  1.500
5.  Pangsit Panjang : 1.500
6.  Tahu : 1.500
7.  Mie  : 1.500
8.  Somay  : 1.500

Harga Bahan



No
Barang
Jumlah
Harga
1
Daging
2 kg
200.000
2
Urat
1 kg
40.000
3
Giling & bumbu
-
42.000
4
Ikan
1 Kg
30.000
5
Kulit Ayam
1 kg
30.000
6
Kulit Pangsit
1 kg
10.000
7
Mie kuning
2
17.000
8
Bihun
½ plt
12.000
9
Tahu
2 bks
10.000
10
Minyak sayur
2 ltr
26.000
11
Kecap besar
jumbo
45.000
12
Saos
2 bks
26.000
13
Sasa
-
8.000
14
Garam
-
5.000
15
Gula
1 kg
12.000
16
Lada
-
5.000
17
Masako
-
-
18
Pala
-
5.000
19
Cuka
-
7.500
20
Cabe
1 Kg
48.000
21
Bumbu Somay
-
40.000
22
Brambang
3 bks
30.000
23
Seledri
-
3.000



Persiapan Produksi


1.     Bakso halus
2.     Bakso urat
3.     Pangsit basah
4.     Pangsit goreng
5.     Pangsit panjang
6.     Tahu
7.     Bakso goreng
8.     Bikin kuah
9.     Mie kuning
10.   Mie putih
11.   Seledri
12.   Cabe
13.   Ikan
14.   Kulit ayam
15.   Bawang daun

Catatan BBM Cak NU

Selasa, 25 Februari 2020

Cerpen: Grahana Srengenge ing Langit Wukirsari

*GRAHANA SRENGENGE ING LANGIT WUKIRSARI*
(Jilid - 1)

NASIBE manungsa lir lakune cakra manggilingan. Ratri aweh pratandha menawa rina bakal dumadi. Mendhung kang kasapu lesus dadi sarana tumurune udan lan jumedhule srengenge ing langit resik. Prahara kang mawartakake menawa wayah suka pari suka bakal tumeka. 

Semono uga kasangsarane Rinten kang matahun-tahun kasandhang kuwi saiki wus paripurna. Rikala dheweke gelem dadi simpenane Salimun. Juragan rongsokan kang yuswane wus lingsir.

Ing ruwang ngarep, Rinten nonton televisi anyar 20 in kang lagi wae ditukokake Salimun. Siaran pawarta operasi garukan Gepeng3 (Gelandangan, pengemis, pengamen dan pemulung) dening para aparat Satpol PP kuwi ngelingake marang lelakone kang kapendhem jero. Dheweke sanalika kelingan marang kanca-kancane kang isih makarya dadi pengamen ing prapatan sacedhake stasiun.

Luh mrentul ing pipine Rinten. Wong wadon kang rikala cilike wis ditinggal mati kunduran dening mbokne. Saengga ora ngerti bapakne kang miturut mbokdhene tega ninggalke mbokne kang lagi bobot 3 sasi iku mung bisa donga. Muga-muga kanca-kancane enggal ana kang gelam ngentasake saka kedhung embel. 

Sadurunge pikirane nglambrang adoh, Rinten krungu lawang ngarep dibukak sawijine pawongan. Ora luput panggraitane, menawa Salimun kang bukak lawang. 

"Isih sore kok wis nggilir Kang? Aku wedi menawa lelakon iki bakal dikonangi bojomu. Aku ora pengin gawe perkara. Uripku wis kebak perkara."

"Aku teka saperlu ngudhari perkara. Bojoku setuju menawa kowe resmi dadi bojo nomku. Amarga dheweke nglenggana menawa ora bisa nurunake anak kang bakal nyambung sejarah uripku. Sadurunge pletheking srengenge kowe kudu mulih. Sorene aku bakal teka neng omahmu. Nglamar karo wong tuwamu."

"Aku ora duwe wong tuwa, Kang. Sadurunge neng kutha iki, aku mung urip karo Mbokdhe. Menawa kowe kepengin nglamar aku, nembunga karo Mbokdhe. Dheweke wis dakanggep wong tuwaku dhewe."

"Aku manut." Salimun ngrogoh domphet kulit saka sake. Nglolos dhuwit sepuluh lembar atusan ewon. "Tampanana dhuwit iki kanggo sangumu bali sesuk neng desa!"

"Matur nuwun!" Rinten ngaras pipine Salimun. "Ngombe susu, Kang! Cap Bendera apa cap Nona?"

"Babagan susu gampang. Sing wigati, aku kudu bali. Nyiapake ubarambe kanggo lamaran. Enggal dikunci lawange, Ten! Aku ora pengin ana lemut nggepok awakmu."

Rinten jiwit tipis bangkekane Salimun kang kesusu ninggalake omah kontrakan kuwi. Senajan ora dikeloni Salimun, atine Rinten wengi kuwi bungah banget. Dheweke bakal ketemu karo mbokdhene kang manggon neng desa.

Ing jaman modern, alam kasunyatan lan pangimpen tansaya ora ana watese. Jam 10 esuk, Rinten wus tumekeng desa Wukirsari. Marang mbokdhene, Rinten blaka. Menawa mengko sore dheweke bakal dilamar. Krungu kandhane ponakane, wong wadon tuwa kuwi banjur atur-atur marang tangga teparone saperlu nyekseni ponakane kang bakal dilamar dening pawongan kutha.

Neng pawon, Rinten kang direwangi Bu Barjo lan Yu Semprul mangsak lan gawe panganan kanggo nyuguh tamu saka kutha. Krungu wong kulanuwun, Rinten tumuju ruwang ngarep. Kaget rikala nyawang Salimun kang teka. "Durung jame kok wis teka, Kang?"

"Aku mrene bakal ngenehi dhuwit marang kowe. Dhuwit sayuta kang wingi dakwenehake kowe kae ora cukup kanggo nyuguh rombonganku kang bakal ngeterake aku mengko sore. Luwih saka 50 uwong. Tampanana dhuwit limangyuta iki! Aku bali sikik."

Rikala ninggalake papan kuwi, neng latar Salimun ketemu mbokdhene Rinten kang mulih saka atur-atur. Tanpa dimangerteni dening Rinten, mbokdhene ngunek-unekake Salimun. "Minggat Bajingan!!! Aja pisan-pisan wani ngancik neng omahku! ... Najis!!!"

( isih ana tutuge )

--- --- --- ---



*GRAHANA SRENGENGE ING LANGIT WUKIRSARI*
(Jilid - 2)

Rikala ninggalake papan kuwi, neng latar Salimun ketemu mbokdhene Rinten kang mulih saka atur-atur. Tanpa dimangerteni dening Rinten, Mbokdhene ngunek-unekake Salimun. "Minggat Bajingan!!! Aja pisan-pisan wani ngancik neng omahku! ... Najis!!!"

Lungane Salimun kang kamigilan kuwi, jalari Rinten takon marang mbokdhene. "Kenging menapa Mbokdhe duka kalih tiyang kala wau?" 

"... Tiyang menika ingkang sampun ngukup kula saking jugangan uwuhe kanistan. Menika wau Kang Salimun ingkang badhe nglamar kula mangke sonten."

"Aku ora sarujuk!. Bajingan kuwi kang ninggalake mbokmu kang lagi mbobotake kowe. Nganti sadurunge kowe lair, mbokmu tak jak bali neng Wukirsari. Ninggalake pakaryane dadi pemulung neng kutha."

Rinten kang bobot 2 sasi kuwi, napase ngangsur-angsur. Jantunge karasa mandek ketege. Sumrepet pandelengane. Jagad katon peteng lelimengan. Bareng kenthongan titir kang tinabuh dening wong-wong rikala tumapake wektu grahana srengenge, Rinten ambruk ing jogan.

... Lajeng kados pundi kahanan Rinten sakwuse ambruk ing jogan?  Monggo ditutugagen piyambak kalih nyruput teh anget.

CUTHEL 
------------