Senin, 04 November 2019

Dagelan Jagat


Ngger anakku ...
Sawangen kae dagelan jagat
Sing lagi padha rebutan ndonya lan pangkat
Rumangsane wis paling kuat
Nganti lali yen ndhonya iki bakale kiamat

Ngger anakku ...
Sawangen kae dagelan jagat
Sing padha lali ngrumat wasiat
Gaman aji kanggo ndonya akhirat

Ngger anakku ...
Sing kok sawang kae ojo ditiru
Rungakna lan elinga marang pituturku
Kanggo ugeman lakon uripmu

Ngger anakku ...
Ayumu dudu saka wedhak pupur
Kang gampang luntur
Ananging saka resike ati sing nampa pitutur luhur

Sugihmu dudu emas picis raja brana
Sing gampang sirna
Ananging jembare ati sing kaya segara
Sing isa nampa pesthining Kang Maha Kuwasa

Ngger anakku ...
Eling ta dieling-eling
Ojo nganti imanmu ngguling

Sekarat pati iku banget larane
Nalika jaman uripe akeh dosa lan lali marang tobate
Ngumbar terus hawa nafsu lan angkara murkane

Ngger anakku ...
Saiki cedakna atimu marang Gusti Kang Murbehing Dumadi
Mesti ing ndhonya lan akherat uripmu bakal mukti
Dalam khasanah agama Islam, pitutur ini sesuai dengan firman Allah dalam QS. Ali Imran ayat 185: “Wamaa Alhayawaa Tuddun-Yaa Illa Mataa’ul Ghuruur ” artinya ”Kehidupan dunia itu tidak lain hanyalah kesenangan yang memperdayakan.”

Nabi Muhammad juga pernah bersabda, “Akan datang pada umatku suatu masa, dimana mereka mencintai lima perkara dan melupakan lima perkara. (1) Mereka mencintai dunia dan melupakan akhirat. (2) Mereka mencintai kehidupan dan melupakan kematian. (3) Mereka mencintai gedung-gedung dan melupakan kubur. (4) Mereka mencintai harta benda dan melupakan hisab (perhitungan di hari kiamat). (5) Mereka mencintai mahluk dan melupakan penciptanya.” (Hadits Riwayat Ibnu Hajar)

Sabtu, 02 November 2019

Pitutur Leluhur; Dadiya

Dadiya gedhe sing ora ngebot-boti. (jadilah besar yang tidak membebani)
Dadiya santosa sing ora gawe wedi. (
jadilah perkasa yang tidak menakutkan)
Dadiya lancip sing ora nglarani. (
jadilah runcing yang tidak menyakiti)
Dadiya landhep sing ora natoni. (jadilah tajam yang tidak melukai)
Dadiya sugih sing ora gawe rugi. (jadilah kaya yang tidak merugikan)
Dadiya pinunjul sing ora gawe meri. (
jadilah unggul namun tidak menimbulkan iri hati)
Dadiya padhang sing ora mblerengi. (
jadilah terang namun tidak mengaburkan)
Dadiya sumunar sing ora nyulapi. (
jadilah bersinar namun tidak menyilaukan)
Dadiya talanging banyu rahmating Gusti Allah kanggo sasamaning titah
(Jadilah talang air bagi rahmat Tuhan untuk sesama hambaNya)
Falsafah jawa lain yang sangat masyhur adalah, "Memayu Hayuning Bawana, Ambrasta dur Hangkara."  Yang artinya: "Menebar kebaikan untuk kemakmuran dunia, serta memberantas kemungkaran."
Maknanya, dalam kehidupan dunia manusia harus menebarkan kemakmuran (kedamaian dan kesejahteraan) bagi alam semesta; serta memberantas sifat angkara murka, keserakahan dan ketamakan.