Sabtu, 08 September 2018

Tresna Warisan (Cerkak Jawa)


TRESNA WARISAN

Jilid.......1

Saben liwat stasiun sepur Ketandan, atiku krasa sumedhot.
Iku biyen stasiun cilik.  Bareng angkutan bis saya rame, stasiun sing mung cilik iku wis ora pati wiguna, awit arang  banget wong nyepur munggah- mudhun saka kono.  

Mula banjur ditutup, diganti palang sepur.  Nadyan mangkono papan iku tetep nyanthel lelakon lawas jroning uripku.

Biyen watara seketan taun kepungkur, saben dina aku ngambah stasiun kono.
Esuk bubar subuh wis mangkat saka ngomah njujug stasiun, terus numpak sepur menyang Sala, sekolah.

Awan jam setengah telu mulih saka sekolah mudhun stasiun kono, terus numpak sepedha mulih, tekan ngomah wis meh jam telu.  Mangkono iku nganti wolung taun, wiwit klas siji SMA nganti lulus sarjana.

Ana lelakon sing luwih tumabet ing atiku.  Nalika aku wis kuliyah tingkat telu, ana bocah wadon sekolah uga nglaju numpak sepur.
Jenenge Damayanti, sekolah ing SGA.

Saben esuk ketemu ing stasiun, jagongan pating glenik karo ngenteni tekane sepur, diterusake lungguh jejer ing njero sepur.  Awane bareng nyepur maneh mulih saka sekolah.  Nganti telung taun.

Ora mokal yen ati kang isih padha enome banjur kaiket ing rasa tresna.

Wong loro wis sepakat bakal urip bebarengan mbangun balewisma.

Mung gandheng durung kerja, aku durung wani nglamar marang wong tuwane.

Begjane awak dhek semana, wong loro meh bareng diangkat dadi pegawe.  Emane kok adoh wangune.  Aku ketampa ing Surabaya, dene dheweke diangkat dadi guru ing Pekalongan.

Isih gawang- gawang kelingan patemonku kang pungkasan sadurunge pisah.

Dheweke dak terake njupuk surat pengangkatan menyang sekolahane.  Mulihe wis jam 7.30 bengi.

Ing ngarep stasiun cilik kang sepi iku, dheweke ngrangkul aku kenceng banget karo sambat memelas : "Mas, bakale pisah adoh. Saiba kagete ati iki.
Dak suwun mas aja kendhat kirim layang pendhak sasi, kanggo tamba kangening ati."

"Iya dhik," sauranku karo ngaras rambute.  "Muga-muga ora kesuwen enggal bisa urip kumpul saomah."

"Dak arep- arep lamaranmu, mas."  Tanganku digegem kenceng, diambungi, banjur padha pepisahan nggawa ati kebak katresnan.

Nanging bareng wis adoh papane, ora ngira dheweke jebul terus lali karo aku.  Saben sesasi aku kirim layang kaya penjaluke, nanging ora tau ana balesane.

Nganti telung taun. Nganti sing pungkasan aku krungu kabar yen dheweke wis omah- omah.

Laraning atiku isih tumabet nganti seprene, sawise setengah abad kepungkur, awit saka gedhene tresnaku marang dheweke.

Mula kala- kala aku merlokake jajan soto ing warung cedhak palang tilas stasiun iku.  Mung kepingin ngeling - eling endahe lelakon jaman sekolah langganan sepur bareng karo dhik Damayanti biyen.

Kala- kala ati iki kepingin ketemu. Kepingin ngerti kahanan saiki. Nanging aku babar pisan ora mangerteni ing ngendi papan dununge saiki.

Malah aku ora ngerti wektu iki isih urip apa wis ora ana.

Aku apal banget, yen isih urip, wektu iki umure wis sewidak papat taun, limang taun sak adhiku.

Saiki wis padha tuwa.  Umpama ketemu ya mung arep padha seduluran.
Perkara lakon katresnan, ganti anakku sing sedhenge nglakoni.

( ana tutuge )


Tresna Warisan

Jilid.......2

Mentas wae anakku matur, njaluk dilamarke bocah ing desa Sumyang, anake bu Sapta.

Kanthi rasa dheg- dheg plas sak ngertiku iku rak desane dik Damayanti biyen.

Eling lelakonku dhewe sing ora nyenengake, aku ora kepingin ngulur - ulur wektu. Mundak mrucut kaya awakku biyen.

Enggal wae aku golek dino bisane lumaku arep nemoni bu Sapta, saperlu negesake sasrawungan kanggo lantaran nglamar anake wadon Martini.

Milang miling kahanan desa Sumyang. Dalan wis alus di aspal.  Taman- taman turut dalan katon asri temata. Nanging aku isih apal dalan- dalan 50 tahun kepungkur.

Takon - takon omahe bu Sapta, bareng ketemu aku kaget. Iki rak omahe bapake dhik Damayanti biyen kae.

Aja- aja  bu Sapta iku adhine, sing ngenggoni tilas omahe bapakne. Yen ngono tenan, kebeneran bisa takon kepriye kabare dhik Damayanti wektu iki.

Aku nothok lawang karo uluk salam: "Assalamualaikum" ora ana sing semaur. "Kula nuwun" tak baleni uluk salam.

Keprungu wangsulan saka njero, karo mlaku rodo kesusu, "Wallaikum salam".......  "Mangga... sekedhap"

Let sedhela lawang dibukak.   Jegagig........sakala aku kaget. Njinggleng nyawang wong wadon sing ngadeg mbukake lawang.

Mripatku bola bali tak meremake... apa ora salah piyantun putri sing ono ngarepku?
Plek...plek tenan karo dhik Damayanti...... aku rada pangling karo pangeling - elingku.

Semono ugo piyantun putri sing mbukakake lawang katon kaget, kami tenggengen nyawang aku.

"Nyuwun sewu.....  njenengsn dhik  Damayanti?" Nggugah lan biyak kahanan sing podho njinggleng sawang sinawang.

"Mas Mar...yo....no?"  kanthi groyok jawab pitakonku.
"Iya aku Damayanti, mas" negesake sapa sing lagi mbagekake tekaku.

"Sing rawuh mrene kok njenengan, mas?"

Aku lan Dharmana mbaleni uluk salam, "Asallamualaikum....."

"Wallaikumsalam .... Mangga... mangga pinarak, ......"

"Apa nak Dharmana iku putramu?"

"Iya dhik" mestekake yen Dharmana iku anaku.

Kabeh podho lungguh.
Kahanan hening ora ono sing ngucap.

Dhik Damayanti, ngenteni apa kang tak udar wicara, kanthi tanpa rasa pakewuh namatake sing rawuh kagungan kerso arep nglamar putrine.

Aku sing kondang doyan ngomong blangkemen, ilang kabeh opo sing arep dak gunem.

Cerkak kalajengaken mbenjang malih.  Mangga....nyruput wedang ronde ......

( ana tutuge )

--------


Tresna Warisan
Jilid.......3


Dharmana nyenggol aku, weruh bapake kok meneng wae...
Yen wani ujar bakal clatu. ..bapake  kok kaya bocah enom diterna nglamar gegayuhane.

"Lho bapak sampun tepang bu Sapta to pak?"ujare Dharmana kanthi nyawang aku.

"Iya....iya Dhar, bu Sapta bapak wis kenal wiwit waktu bapak isih kuliah"

"Alhamdullilah, mugi- mugi ndadosaken lancar panuwun kula"
" Pangapunten bu...dhik Martini wonten pundi ?"

"Oh iya, nak Dhar kancanana Martini"
"Kae lagi nyiapke unjukan"

Nang ruwang tamu kari Maryono lan Damayanti.

"Aku ora ngira mas"

"Iya ..ya .dhik"

Sakloron wis ora ewuh pakewuh rembugan kaya sedulur raket.

" Mesthine rawuhmu iki kanggo ngawali sasrawungan lan kanggo ngrembug lamaran jejodhohane anakmu lan anaku."

"Iya" sauranku cekak.

Dumadakan wae, perihing atiku krasa mungkat maneh. Malah tuwuh gagasan, enake apa duwurungake wae alehku arep nglamar???

"Mas, sadurunge ngrembug butuhe anak, luwih dhisik aku kepingin madhangake perkarane awake dhewe biyen."

"Lelakon awake dhewe biyen kae pancen peteng, dhik, lan wis kepungkur adoh.  Ora perlu dipadhangake. Ora ana gunane ... malah ngungkat ungkat tatu lawas."

"Aku ngerti mas ..."

"Tekan seprene iki mas Maryono pangiraanku mesthi nganggep yen aku biyen cidra ing janji."

"Senajan piyantun kakung, sadela apa wektu dawa aku ngerti yen atimu mesthi nandang perih banget."

Aku unjal ambegan dawa.  Nguwatno ati nahan tatu lawas dibuka.  Arep dibenerake jahitane, apa arep dijupuk samubarang kang isih ketinggalan?? Iku gambaran pikiran ku.

Ana apa dhik Damayanti mbuka wadi tatu lawas.

"Pancen ya ngono kaya pratelamu" saurku jujur.

"Kahanan laraning ati, perlu tak aturke yen uga dak rasakake dhek semana, sadurunge aku ngerti larah- larahe, mas..."

"Sepuluh tahun...... Sepuluh tahun lawase aku ngrasakake perihing ati, merga rumangsaku kok blenjani....." ucape Damayanti nggregel karo mripate kembeng kembeng.

"Lho kok ngono dhik?" takonku mawa rasa kaget.

"Mula aku rumangsa perlu madhangake perkara, supaya njenengan karo aku iso nglantarake jejodhowane anake mengko bisa kepenak." Ucape Damayanti kang dadekno aku tambah pingin ngerti.

"Satemene ana apa, kepriye kedadeyane, dhik?" takonku notol

... Kedadeyan sajatosipun mbenjang malih....nggih.  Monggo nyruput teh anget....

( isih ana tutuge )

-----

TRESNA WARISAN
jilid ...4


"Biyen.... seket taun kepungkur satekane ing Pekalongan, aku kepethuk kanca SMP kakangku."

Damayanti ngunjal ambegan, njur nerusake ngucap...

"Ujug - ujug kandha yen pingin jejodhowan karo aku."

"Jarene wis suwe dheweke naksir aku, nanging durung wani ngomong."

"Mesthi wae dak wangsuli yen aku wis duwe pacangan..., mas Maryono sing kerja ing Surabaya."

Damayanti ngunjal ambegan maneh.  Let sedhela...

"Dhek semana...., dina mbaka dina, minggu mbaka minggu, sasi mbaka sasi ... aku tansah ngantu antu layang saka penjenengan, mas.."

"Nanging layang iku ora tau teka..."

"Lho....., aku kirim layang pendhak minggu......." aku motong dongenge Damayanti kanthi rasa ora trima.

Ananging ganti omonganku dipedhot dheweke.

"Mengko dhisik mas..., dongengku ojo njenengan pedot dhisik..."

"Amarga layang ora tau dak tampa, dak coba kaping telu aku kirim layang njenengan, uga ora ana balesan."

"Nganti telung taun, aku rumangsa lan yakin yen mas Maryono wis lali karo aku..."

Aku arep motong critane Damayanti, ananging dheweke menehi pratanda aja dipotong dhisik.

Aku melu unjal ambegan.... Ana kedadeyan apa kok nganti aku sakloron ngalami padha padha, layang sing ditulis kesingsal ora tekan alamat kang dituju.

Damayanti mbacutake dongenge...

"Saking laraning atiku, akhire aku kepeksa nuruti karepe mas Partana...."

"Kelakon urip jejodhowan, ning bawane ora ana rasa tresna, nganti pitung taun aku ora duwe anak.."

"Pas pinuju libur aku tilik bapak mrene, dikandhani yen wektu iku jare njenengan durung krama..."

"Yen ngono ateges mas Maryono ora lali karo aku.  Malah aku kuwatir yen njenengan pepes atine amarga dak tinggal omah - omah..."

"Nanging ... geneya nganti telung taun lawase ora tau kirim kabar?"

"Dak ulur - ulur nalarku, aku lagi sadhar yen mas Partana iku pegawai kantor pos..."

"Aja - aja dheweke biyen ngedhep layang- layange njenengan kanggo aku..."

"Ora sranta aku bali nyang Pekalongan.  Mas Partana dak dedhes- dedhes."

" Ancamanku arep dak gugat nglaporake Polisi kanthi tudhuhan sabotase surat pos."

"Akhire ngaku, jare nganti telung taun lawase, saben sasi ora kendhat layang penjenengan teka, nanging didhep ora diwenehake aku, malah terus diobong."

Damayanti katon kaya wong kang lagi getem - getem kemropok, rinasa kaya nembe kedadeyan wae.

Aku sing ngrungokake wae melu kemropok.....

Atiku dak sareh - sarehake..... kedadeyan wis lawas.  Mbok menawa pancen wis dadi lakon pisahing jejodhowanku karo Damayanti.

Dhadhaku krasa seseg.  Aku ngunjal ambegan dawa lan nata ati ngrungokake dongenge Damayanti.

"Mas Partana dak ujar - ujari, dak unen - uneni sakemenge lambeku.."

Damayanti meneng sedhela...

"Saka serik lan laraning atiku, dina iku uga aku njaluk pegat....!"

"Owalah mas..., sepuluh taun lawase batinku tansah ngundamana penjenengan, dak sengguh cidra ing janji..."

"Apuranen aku ya, mas......"

Ora kuwat maneh, bendungan luh ambrol.....  Damayanti nangis nganti sesenggukan.
Tumungkul karo nutupi pasuryan nganggo talapak tangane.

Aku ora kumecap. Aku melu ngrasa trenyuh lan ana rasa getun ngliputi batinku.

Getun wis ndakwa yen dheweke cidra. Getun dene aku biyen kok ora nlesih- nlesih kabar marang bapake ing omah iki.

Aku getun dene mung ngendelake layang kang ora nyangka wae ora tekan alamate nganti telung taun.

Ya rasa getun iku sing gawe aku njur menyat saka lungguhku..., njur nyedhak njejeri Damayanti.


( isih ana tutuge )

------

TRESNA WARISAN
jilid ...5


Ya rasa getun iku sing gawe aku njur menyat saka lungguhku..., njur nyedhak njejeri Damayanti.  Rasane aku kepengin ngepuk epuk saperlu ngereh ereh.

Ora tak bacutake niatku.....  Dheweke dudu dhik Damayanti seket tahun kepungkur sing nang sandhingku.  Iki bu Sapta.....calon besanku.

Aku njur menehi warah ben sareh atine...

"Wis aja nangis dhik. Kabeh wis kepungkur adoh, ora perlu diungkat ungkit maneh..."

"Iya.... bener ngendikamu mas.."

"Aku pancen perlu ngudhar wewadi lawas, amarga sing tak butuhake pangerten lan pangapuramu.."

"Sak wise aku omah2 karo ibune Dharmawan aku nganggep pancen wis kersane sing kuwasa kowe dudu jodhoku....aku ikhlas..."

"Apa maneh nampa dongengmu mau, pangapuraku marang sliramu tansah temen metu saka jroning atiku dhik..."

Sajake Damayanti wis katon lega atine.  Tangane tumenga karo ngelap luh kang ndlewer nang pipine sing wis rada kusut.

Sawetara aku bali lungguh ing panggonan sakawit.

"Terusna critamu dhik..., njur Martini iku sejatine anake sapa...?""

"Ngene mas..., bubar pegatan, saking keduwungku wis cidra lan salah prasangka marang njenengan, aku niyat ora arep omah- omah maneh..."

"Nanging bareng saya tambah umur aku mikir - mikir... mbesuk yen wis tuwa aku arep melu sapa lan sapa sing bakal nyambung lelakonku...."

"Mulane aku omah - omah maneh oleh piyayi kang aran Saptamartaya."

"Karo mas Sapta keturutan duwe anak siji nalika aku wis umur 41 taun..."

Damayanti meneng, ndhingkluk sadela, kanthi ora madhep nyawang aku, kanthi nerusake dongenge.

Saklebatan katon mripate kembeng - kembeng maneh.

"Wiwit SMP kelas 2, Martini wis kepeksa dadi bocah yatim ditinggal seda bapake..."

Damayanti unjal ambegan maneh...  Dheweke katon luwih tatag njur nerusake dongenge..

"Martini kuliah ing kebidanan, bareng lulus diangkat dadi pegawai dinas kesehatan ing desa Bayat Klaten..."

"Ora perlu mikir dawa, aku melu bali nyang Klaten, ben cedhak karo anakku..."

Damayanti leren guneme, nyawang aku kanthi tajem ngelingake aku marang lageyane dhek semana.

"Lha lelakon njenengan kepriye, mas...?"

"Apa sebabe nganti sepuluh taun wiwit pepisahan kae njenengan kok durung krama..?"

"Apa isih terus mikirke aku..? Lan mesthi dadi lan sengite marang aku..."

Aku manthuk...

"Nadyan aku ngira kowe cidra, nanging aku isih tansah kelingan kowe.."

"Upama bubar pegatan biyen awake dhewe bisa ketemu lan oleh penjelasan kaya sing kok critakake mau, mesthi aku bakal tetep nampa sliramu..."

"Aku isin, mas...  Atiku ora tatag, aku ora kuwat nemoni penjenengan.."

Bendungan luhe Damayanti dhadhal maneh....  Tetes - tetes bening runtuh ing pangkone.

Iku kang njalari atiku sangsaya keranta - ranta.

"Dhik..., dhek semana, teka dhog ing Surabaya aku langsung nulis layang marang sliramu..."

"Dak enteni rong minggu, telung minggu, nganti sesasi ora ana balesan.."

"Aku nulis layang maneh.....  Pendak rong minggu nulis maneh tetep ora ana balesan....."

"Aku tetep nulis layang pendhak sesasi nganti tumekane telung tahun...., tetep ora tau ana balesan..."

"Aku njur mandheg anggone kirim layang, nalika krungu kabar yen sliramu wis omah - omah..."

"Nanging nyatane aku ora bisa nglalekna sliramu.."

"Nganti telulas taun aku nembe rabi..."

"Anakku mung siji thil..., ya Dharmana kuwi..."

"Ibune Dharmana ya wis ndhisiki aku, ditimbali sing kuwasa.."

"Gandheng anakku tugas nang Sala, aku njur bali mrene.."

"Astaghfirullah..., lelakon kok kaya ngene. Seket taun pisah, padha dene olehe salah pangerten.."

Aku nutup dongengku.

"Saiki ketemu wis padha tuweke kaya ngene.  Nanging aku wis bisa lega mas..., amarga njenengan bisa mangerteni kedadeyan sing sakbenere..."

"Dak akoni yen aku sing cidra, mas. Ora liya mung salah ngerti.  Dak kira malah penjenengan sing lali karo aku..."

( ... isih ana tutuge)

-------



TRESNA WARISAN
jilid ...6.

"Dak akoni yen aku sing cidra, mas. Ora liya mung salah ngerti.  Dak kira malah penjenengan sing lali karo aku..."

Aku unjal ambegan. njur nyambung gunem : "Garising lelakon kudu mengkono, dhik..."

"Arep kepriye maneh..., kedadeyan wis kepungkur lan ora bisa dibaleni."

"Nanging aku uga lega, amarga akhire aku dadi ngerti yen sliramu krama biyen, dudu lali katresnan marang aku, ananging kegawa lelakon urip kang ora kuwasa sliramu tampik..."

"Unggah ungguhing wong mbangun balewisma, lelakon jerone kaya apa wae katresnan marang pacangane kudu di ikhlasake yen ora bisa mawujud dadi sisihane."

"Awuning katresnan kang wis ora wujud kudu ditata dibangun maneh, digawekke landhesan kang luwih kokoh kang ora cuwil kena ombak, keterak angin lesus ... semono uga kena lindhu. Kawujud katresnane marang bojone bisa ora ana kendhate."

"Lelakon urip manungsa, ora bisa tinebak kaya apa lan nganti kapan.."

"Aku saiki wis dhewekan..., dhik Damayanti uga wis dhewekan.."

"Sithik utawa akeh katresnan lawas wis mletik maneh..."

Solah bawane dhik Damayanti, mratelani kari ngenteni tembungku ana niat kang kuwat, apa ora mbangun maneh katresnan lawas.


Solah bawane dhik Damayanti, mratelani kari ngenteni tembungku ana niat kang kuwat, apa ora mbangun maneh katresnan lawas.

Janjiku marang ibune Dharmana sadurunge kapundhut....., aku ora lali.


Amung wae wektu kang bakal nulis lelakon uripku sabanjure. Kari pasrah wae marang Gusti Allah kang murbeng dumadi.

( ... isih ana tutuge)

--------

TRESNA WARISAN

( Jilid ...7 )

Aku njur nutugake gunemku :

"Saiki ana perkara sing luwih wigati tinimbang lelakon uripe awake dhewe...  Perkara bebesanan nuruti panyuwune anakku lan anakmu."

"Iya mas..., awake dhewe wis dipangan umur."

"Sanajan wis padha padha dhewekan, obahing ati wis beda karo seket taun kepungkur."

"Lelakon katresnan awake dhewe luwih becik didadekake lambaran paseduluran antaraning besan."

"Katresnan awake dhewe kang makantar - kantar dhek wektu semana, ben disambung karo anak - anak mas..." guneme Damayanti pratandha polahing atine wis lerem.

"Iya dhik..., dadiya warisan sing ajine ngungkuli raja brana..."

Kanthi swasana kang kebak rasa trenyuh, nanging uga rasa asih ndadekake murup jroning ati.

Aku lan Damayanti padha dene anggone ngunjal ambegan, nata ati...., madhangake pikir.....lan ngandelake rasa ikhlas mendhem lelakon lawas.

Dharmana lan Martini bali nyang ruang tamu ngaturake unjukan lan camilan.

" Iki Martini, anakku, mas..." Damayanti ngenalna. Martini mesem karo ngambung tanganku.

"Dhar..., kok pinter kowe milih calon sisihan..." alokku karo guyon.

 Wong papat ngguyu bareng, gawe swasana dadi padhang.

Sakawit niat amung arep tetepungan lan ngrancang rencana nglakoni adat nglamar, mlumpat ora ngenteni nggawa brayat.

Aku langsung nembung Martini dak suwun dadi sisihane Dharmana.

Rerembugan malah nganti dimupakati dina kalaksananing sedya.


Sarampunge rembug....

"Dhik awake dhewe kudu  nyukuri, dene awake dhewe isih tetep diraketake sajroning mecaki sisaning umur kanthi awake dhewe dadi ibu lan bapake anakku lan anakmu.."

"Perkara anak wis padha sepakat, pritilan2 kekurangane bisa dirembug liya dina.."

"Dak kira, sowanku mrene dina iki wis cukup."

"Liya dina bisa nerusake sambung silaturahmi kanggo ngraketake paseduluran.."

"Aku wis wayahe nyuwun pamit..."

"Inggih mas..., matur sembah nuwun rawuhe.."

Dina iki rasane kaya ketiban ndaru.

Ora mung rampung perkarane bocah2, ananging uga rampung mosak masiking batinku.

Rasane wis padhang, lan nguwatake langkah anggonku nglakoni sisaning urip.

Tanganku dak ulungake, digegem lan diambungi persis kaya patrape biyen pinuju arep pepisahan.

Tanganku dak tarik...

( ... isih ana tutuge)



TRESNA WARISAN


(pungkasan)

Tanganku dak ulungake, digegem lan diambungi persis kaya patrape biyen pinuju arep pepisahan.

Tanganku dak tarik...

"Muga - muga kaparingan dalan padhang uga lancar samubarange ya, dhik...."

Sejatine yen mung nuruti katresnan lawas kang krasa murup maneh, ora dadi masalah.

Sing dak kuwatirake  malah bakal mbubarake balewisma sing arep dibangun Dharmana lan Martini.

Aku bisa cidra janji.

Saperlu medhot mosak masiking ati, lan njaga aja nganti ndadekna owahing pikir janji marang ibune Dharmana sak durunge katimbalan Gusti.  Janji yen aku ora bakal omah - omah maneh.

Aku lan Dharmana pamit mulih.

Sajroning lumaku mulih, bola bali aku unjal ambegan.  Aku ngalamun  nggagas lelakone anakku lan anake Damayanti.

Batinku nguwuh...

Owalah ngger..., kowe nampa warisan katresnan saka wong tuwamu. Muga2 dadiya sanguning laku anggonmu bakal mbangun balewisma.


( C U T H E L )

1 komentar:

  1. Semoga cerkak ini sebagai contoh melestarikan budaya jawa khususnya dalam kesusatraan bahasa jawa. Trim

    BalasHapus