Kamis, 27 Oktober 2016

Pitutur Saking Leluhur

-  dadiya gedhe sing ora ngebot-boti,
-  dadiya santosa sing ora gawe wedi
-  dadiya lancip sing ora nglarani
-  dadiya landhep sing ora natoni
-  dadiya sugih sing ora gawe rugi,
-  dadiya pinunjul sing ora gawe meri
-  dadiya  padhang sing ora mblerengi,
-  dadiya sumunar sing ora nyulapi

Dadiya talanging banyu rahmating Gusti Allah kanggo sasamaning titah.
Padang pikire, jembar lan sumeleh atine, gede sabare, apik kelakuane, luhur wekasane

Wong kang sholeh iku iso seleh atine lan iso silih ilmune kanggo suluh  pepadang panguripan saenggo silih sumrambah ing sapada pada.


***********


NASEHAT LELUHUR

jadilah besar yang tidak membebani
jadilah perkasa yang tidak menakutkan
jadilah runcing yang tidak menyakiti
jadilah tajam yang tidak melukai
jadilah kaya yang tidak merugikan
jadilah unggul yang tidak menimbulkan iri
jadilah terang yang tidak meredupkan
jadilah bersinar yang tidak menyilaukan

Jadilah jalan bagi Rahmat Tuhan untuk sesama umat manusia.
Terang pikirannya, lapang  hatinya, luas kesabarannya, baik prilakunya, luhur kehormatannya.
    
Orang soleh itu bisa lembut hatinya, berbagi ilmunya, sebagai cahaya petunjuk kehidupan, semoga dapat menjadi warisan untuk sesama.


&&&&&&

Nasehat Simbah: Pinter lan Bener


Ora kabeh wong pinter kuwi bener…
Ora kabeh wong bener kuwi pinter…

Akeh wong pinter ning ora bener…
Lan akeh wong bener senajan ora pinter…

Nanging tinimbang dadi wong pinter ning ora bener…
Luwih becik dadi wong bener senajan ora pinter…

Minterno wong bener..kuwi luwih gampang tinimbang mbenerake wong pinter…
Mbenerake wong pinter..kuwi mbutuhke beninge ati…"

*Sugeng warsa enggal 1438 H.*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar